Assalamualaikum Wr. Wb
Alhamdulillah wasyukurillah wani’matillah walakhaulawala quata ilabillah ama ba’dah. Wonten ngarsanipun sepuh pinispuh ingkang dahat sinaduarsana, Wonteng ngarsanipun para Alim ulama saha ustad ustadzah ingkah kawulo ta’ati nasihatipun. Wonten ngarsanipun dewan juri ingkang kawulo hormati, saha para rawuh ingkang tansah dipun mulyaaken Allah SWT. Sepindah sumangga kita tansah hangaturaken syukur dumateng Gusti Gung Ingkang Maha Agung Injih puniko Allah SWT ingkang sampun kaparingaken rahmat saha hidayahipun sahingga kita waget kempal wonten majlis ingkang minulya punika. Kaping kalih sholawat saha salam kita haturaken dumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tenggo safa’atipun wonten yamul kiyamah mangkih amin allahuma.. amin Hadirin ingkang dipun mulyaaken Allah, kita sampun mangertos menawi wonten jaman Globalisasi punika jaman ingkang kedah waspada. Amrih jaman globalisasi punika sampun ngawonaken ahlak pemuda-pemudi Indonesia lan Islam, mila sumangga kita tansah ngatos-atos dumateng pergaulan, sahingga kita waget metani ahlak ingkang becik kaliyan ahlak ingkang awon. Kita pemuda NU sampun sakpantese nguri-uri kabudayan Islam kalian kabudayan Nasional amargi NU punika, organisasi ingkang sampun ageng, ingkang dipun dadosaken tuladha dumateng maysarakat. Milo sumangga kita tansah sami-sami ngangkat drajat martabat bangsa Indonesia supadhos moral, bangsa kita sae, sumangga kita milai saking awak kita, sumangga kita tansah ngeluruske ahlak kita, tingkah laku kita sedaya, sahingga kita saget dipun dadhosaken tuladaha ingkang becik dumateng masyarakat Indonesia. Para hadirin wal hadirot ingkang kawula hormati kula kinten cekap semanten angenipun kawula ngendiko mbok bilih wonten klenta klentunipun kawulo saestu hanuwun aguning sing samudra pangaksami ingkang khatah. Mugi-mugi atur kawula ndadosaken manfaat amin allahuma amin, ahirul kalam
Wabillahi taufiq walida wassalamualaikum WR WB

0 comments:
Post a Comment
Terima Kasih Kunjunganya jangan lupa sertakan link anda dan nantikan kunjungan balik saya ^_^