Assalamualaikum Wr. Wb
Alhamduillahirobil alamin, wabihinastain ala umuridunya waddin wasolallohu alaihi wasalam ama ba’du. Robbi srohli sodri wayasirli amri wahluk uqdatanlisani yafqohu qouli. Dumateng para sesepuh pinisepuh ingkang kawulo hormati, dumateng para alim ulama, ustad ustazah ingkang kawula tenggo-tenggo fatwanipun, dumateng para hadirin ingkang dipun mulyaken Allah, dumateng dewan juri ingkang kawua hormati, Sepindah sumangga kita tansyah ngaturaken puji syukur dumateng Gusti Ingkang maha agung Injih punika Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi rahmat saha hidayahipun sahingga kita waget kempal manunggal wonten papan panggenan ingkang Insya Allah kathah barakahipun amin allaohuma amin. Ingkang kaping kalih mboten kesupen sholawat saha salam kita haturaken dumateng kanjeng nabi Muhammad SAW ingkang sampun ngasto kita wonten jaman jahilliyah dumugi jaman ingkang moderen punika. Para rawuh ingkang kawula hormati, keparing matur wonten majlis punika, bilih kahanan ahlak pemuda pemudi Indonesia wonten jaman sakniki punika memprihatinaken sanget. Globalisasi ingkang sampun merasuk dumateng masyarakat sampun ngerusak alhlak budi pekerti putra putri bangsa.
Kabudayan ingkang tansah kita uri-uri sampun luntur dumateng kabudayan kilen khususipun Amerika, mila sumonggo kita tansah mageri akhlak kita, sahingga kita mboten kintir dumateng arus globalisasi. Sampun sak wajibipun kita pemuda nahdiyyin anjagi lan maingi tuladha dumateng para sedherek kita wonten njawi, supadhos tansah njagi ahlak kaliyan kabudayan Islam. Mila sumangga kita milai saking pribadi kita sedhanten. Ingkang pungkasan, mbok bilih wonten klenta klentu anggenipun kawula matur nyuwun gauging samudra pangaksami.
Wabillahi taufiq walida wassalamualaikum WR WB
0 comments:
Post a Comment
Terima Kasih Kunjunganya jangan lupa sertakan link anda dan nantikan kunjungan balik saya ^_^